Nyatus Dino

Nyatus dino
Kok wis akeh le nggresulo
Do elingo, isih ono sewu pitungatus dino
Limang taun ayo didongakno
Rakyate makmur ora tambah sengsoro
Ora koyo mbiyen jaman dijajah londo

Nyatus dino
Jare podo kabotan mundhak ing rego
Sawise lengo mambu subsidine disudo
Durung suwe regane diudhukno
Nanging kok malah subsidine muspro
Rego le kebacut mundhak ra gelem lungo

Nyatus dino
Jare akeh mentri le rakyat ngomongno
Enek le ngurusi telo
Enek le ngoreksi pesawat murah rego
Enek le malah rebutan duite wong deso
Dongakno mugo eling lan waspodo

Nyatus dino
Enek perkoro nang ibukota kono
Motor-motor ora oleh liwat tengah kutho
Mbok menowo metro mini lan angkot ra oleh ugo
Yen alesane ngerem lan mandeg sak naliko
Dongakno sing do sabar sawetoro

Partai Kudu Salah

Neng salah sawijine negoro, sebut wae negoro BBM, ono parte sing kasebut Partai Kudu Salah, disingkat Partikus. Pantes tenan ro jenenge, dadi yo sakjane mesakne tenan sak jane parte sing siji iki, opo-opo tindak tanduke mesti disalahke sebagian wong-wong. Contone iki;
1. Mbiyen pas kasuse bank plecit kenthir, Partikus iki semangat tenan kasus kuwi sing jare ngrugikne negoro nganti 6.700 repes, padahal sing dicurigai kuwi konco kenthele sing dadi ketua nang grup arisan Kowalisi. Ana sing ngucap, wong wis dadi konco kenthel kok wani nglawan ketuane, dadi wong kok munapik, metu wae seko arisan.
Lha terus umpama ngene, yen Partikus kuwi mau tetep ndukung kanca kenthele tumrap dugaan bocore duit rakyat, mesti yo akeh sing ngocap, jare parte mbelani rakyat, pro wong cilik, dudu wong licik utowo koruptor, dasar munapik!
Ngono salah, ngene salah. Cocok tenan ro jenenge, Partikus, mbiyen ki piye sing nggolek jeneng.
2. Sing lagi anget-angete, undhak-undhakan lengo gas, sing jare isoh marakne anggaran negoro jebol umpomo gak diundhakne, opo iyo sih? Yen kuwi aku ga mudeng yo cah, aku dudu ahline :p
Critane yo sih pancet, Partikus vs Kanca kenthele, Partikus emoh yen lengo gas diundhakne, sing diusulke karo pak ketua arisane. Yo opo iki? Dadi anggota ki kudu manuk, eh manut ro ketuane, ojok mencla-mencle, munapik! (Metu meneh)
Lha terus, yen umpama Partikus iki melok-melok ketuane, ndukung ngundhakne lengo gas, mesti yo akeh le ngomong, jare peduli wong cilik, lha kok malah ndukung ki piye tho, munapik!
Mesakne temen tho kowe kusss…. Partikus…. ngono salah, ngene yo salah. Opo mending ganti jeneng ae? Dadi Partai Kudu Bener, alias Partai Kuner, trus lambange gambar kunir, pahit ning marai waras.
posted from Bloggeroid