Nyatus Dino

Nyatus dino
Kok wis akeh le nggresulo
Do elingo, isih ono sewu pitungatus dino
Limang taun ayo didongakno
Rakyate makmur ora tambah sengsoro
Ora koyo mbiyen jaman dijajah londo

Nyatus dino
Jare podo kabotan mundhak ing rego
Sawise lengo mambu subsidine disudo
Durung suwe regane diudhukno
Nanging kok malah subsidine muspro
Rego le kebacut mundhak ra gelem lungo

Nyatus dino
Jare akeh mentri le rakyat ngomongno
Enek le ngurusi telo
Enek le ngoreksi pesawat murah rego
Enek le malah rebutan duite wong deso
Dongakno mugo eling lan waspodo

Nyatus dino
Enek perkoro nang ibukota kono
Motor-motor ora oleh liwat tengah kutho
Mbok menowo metro mini lan angkot ra oleh ugo
Yen alesane ngerem lan mandeg sak naliko
Dongakno sing do sabar sawetoro

Sekolah Mangkat Dewe

dadi kelingan jaman semono, isih cilik kiro2 umur 4 setengah taun, simbok ngejak aku budhal sekolah tk. jian koyo cah culun kae, biasane g tau adus isuk, dandan rapi, lha iki dandan klimis pupuran rambut sisiran belah pinggir, rapi pol!

mung ilustrasi

“meh dijak neng ngendi to iki?” ngono mungkin batinku wektu kuwi. cah cilik isinan, dijak lungo ning g ngerti ng ngendi, tapi tetep ae g wani tekok. isinan poll 

tapi sujune simbok njur ngandani, “dino iki awakmu sekolah tk yo le” kiro2 ngono kuwi ukarane. tk? sekolah sing ta’bayangke akeh dolanan, bandulan, plorodan, jajanan enak, kancane akeh, nyanyi bareng2 plus disangoni. tapi y kuwi jarene kudu sekolah mangkat dewe, ora usah diterke. koyo lagu sing sering dinyanyekne masku.

saiki aku wis gedhe… sekolah mangkat dewe..


ora usah dieterake… bareng karo kancane…


yen mlaku turut pinggiran… ora pareng gojekan..


ning ndalan akeh kendaraan mengko mundak tabrakan!

serem, cah cilik wis diancam diweden2i tabrakan, padahal dalan kampungku kuwi suepi banget, anane palingan mung pit onthel.

mbalik nang urusan mlebu sekolah, lah ternyata ning sekolah kuwi, tk pertiwi jenenge, yo wis akeh simbok2 liyo sing nggowo anak2e sing cilik2 yo podho pupuran, enek le ngganteng, ayu, umbelen yo enek, ning dudu aku 

sinambi simbok ngurus ndaftarke anake le ngganteng dewe, aku nunggu ro ngalamun, meneng neng pojokan, anteng. sawise beres, kabeh murid dikon mlebu, dikon lungguh rapi nang mejo kothak, lungguh muter wong 6 tekan 8, trus nyanyi2 g jelas kae, dan seterusnya..

tapi tiba2 ada yang aneh, lha kok endi mau simbokku, mau kan nang njobo kono? t’tolah toleh, ha kok tetep ae g ketok, padahal kan simbokku lemu. njur aku mikir, opo aku ditinggal dewe yo? mosok ditinggal sih, nak ilang ngko piye? yen diculik ngko piye?

banjur, aku kelingan lagu mau, sekolah mangkat dewe, hmmm… ternyata nang ngomah kon nyanyi lagu kuwi kie men iso sekolah ditinggal plus mangkat dewe to. dino pertama mlebu sekolah tk kok wis ditinggal, mulihe dewe ga enek le nggendong pisan, simbok…..

reog city, 26/02/2013